Share :

Wong Sugih Karo Wong Melarat Numpak Colt - Colt Punya Cerita

WONG SUGIH KARO WONG MELARAT KUWI PANCEN BEDO, mangkat ngiring manten wae wis ketok bedo. Ibu-ibu nek iring-iring manten yo di bedak-bedakke, sing sugih bolo sugih, sing melarat yo di lumpukke karo melarate. 
CUPLIKAN Pengajian KH Anwar Zahid - Bojonegoro # WONG SUGIH KARO WONG MELARAT
Sing sugih-sugih ditumpakke mobil sing apik-apik, mobil mewah-mewah, bangsane mobil Honda Genio, Mitsubishi Pajero, Hummer, Toyota Land Cruisser, Toyota Fortuner, Isuzu Phanter, Toyota Kijang Innova, Toyota Avanza, Daihatsu Xenia, Mercy, Suzuki APV, Honda CRV, Daihatsu Terios, Toyota Rush, Honda Jazz. Iku sing sugih-sugih sing numpak, mba Ika, mba Sinta, mba Widia, mba Yanti. mba Tuti, mba Mike, mba Ema, mba Erna, mba Tasya, mba Sindi, mba Alda, mba Risma, mba Siska, mba Susi, mba Lili.

Tapi nek sing balane Sundari, Ratemi, Supiah, Tasmining, Rumijah, Paenah, katoyah, Sumiati, Sumiatun, yo colt bak (kol ompreng, colt pick up) iku tumpakane, nek perlu di usungi nganggo Tossa (motor roda 3 seng mburi enek bak'e).

Pancen ra podo, sangune wae ra podo, sing sugih-sugih numpak mobil mewah sangune yo enak-enak. Buah Pir, Apel, Jeruk, Duren, Duku, Kelengkeng, Anggur. Ngombene yo Fanta, Coca Cola, Sprite, Mizone, karo Pocari Sweat. Iku wong sugih...., lha sing melarat-melarat numpak kol bak sangune yo Ote-Ote, Onde-Onde, Lemper, Gedang goreng, Tahu isi, Tempe mbus, Lomboke wakeh.., ngombene Es Teh di wadahi plastik, taleni cokot pojokane.
Numpak Colt MITSUBISHI
Tekan gon kemanten yo bedo, sing mudun seko mobil apik yo ketok gandes, luwes, lemes, pantes, pancen wong sugih, mudun nganggo sandal jinjit dowo koyo artis, dengkule di ciutno, bokonge di jentitno, susune di unjukno, mentek-mentek, gelungane rambut gede podo koyo bane mobil, mudun nyangklek tas karo nyekeli dompet, mlakune tit.. njentit.. jentit.. njentit..njentit…, mlaku karo pamer gelang nganti iso muni gelange krimpying.., krimpying.., krimpying.., gela-gelo, lambene pencap pencep.

Lha sing melarat mudun seko kol bak wis ora rupo menungso, lambene nyonyor kabeh, mergo entek ote-ote enem lomboke pat likur, mongah-mongah lambene njedir kabeh, jontor dewe-dewe, rambute mosak-masek keno angin, keringet meruntus jrojosan sesek-sesekan nang kol bak, celake ndelewer tekan pipi, lipstik munggah nang mripat, mudun seko kol bak sandal jepit nganti iso kleru, sing tengen sandale rupane abang, sing kiwe rupane kuning, ngono kui esih di kongkon nyangking kerdus.....
*CUPLIKAN Pengajian KH Anwar Zahid -Bojonegoro

Share :